Contoh-Contoh Pidato Bahasa Jawa

Contoh 1
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-saderek sedanten…….
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ

Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW, perlu dipun mengertosi bilih buku alit puniko mengku datang pinten pinten contoh pidato engkang kulo susun mawi Basa Jawi supados gampilaken dateng sederek-sederek engkang kerso maos. Soho konco konco engkang sami nyuwun dipun susunaken Buku Puniko, khususipun konco konco ingkang manggen wonten Tanah Jawi.

Sesuai kalian pengetahuan kulo engkang taksih terbatas. Pramilo tumerap sederek sederek engkang kerso maos Buku puniko terutami poro Alim Ulama’ menawi memanggihi kesalahan soho kekirangan wonten Buku puniko, kulo suwun supados kerso paring nasehati utawi saran saran dateng penyusun kangge kesempurnaan susunan selajengipun lan sa’derengipun ngaturaken maturnuwun.

Engkang terakhir, mugi-mugi buku alit puniko saget mbarokahi lan manfaati kangge penyusun soho sederek engkang kerso mahos
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته









Contoh  2
PENGETAN DINTEN KARTINI 

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.


Sumber Berita Lampung: 
Contoh Naskah Pidato Hari Kartini Bahasa Jawa Krama |Terkini 


Contoh 3
Dumateng ngarsanipun para .......................ingkang kula hormati, keparenga kula ngudhar pemanggih babagan anggenipun tiyang sami ngginaaken basa Jawi wonten ing pagesangan sidinten-dinten.

Sinaosa langkung saking 75.000.000,- warga Indonesia ngginaaken basa Jawi minangka basa pasrawungan, mboten ateges basa Jawi saged ngrembaka lan dipunkembangaken aggenipun ngginaaken kanthi sae. Wonten pemanggih saking para sarjana lan sujana ingkang paring kawigatosan dhumateng basa Jawi, bilih basa Jawi menika saestu langkung angel katimbang basa-basa sanesipun. Basa sanesipun awis-awis ngkang ngecakaken langkung saking setunggal standar. Wonten ing basa Jawi standar basa menika wonten tiga, inggih menika Ngoko, Krama Madya lan Krama inggil.

Kajawi menika para sarjana lan sujana ingkang kajibah damel rantaman kurikulum pawiyatan, kathah-kathah ugi sampun mboten kesengsem malih nglebetaken basa Jawi wonten kurikulum, kanthi alesan basa jawi menika simbol feodalisme lan adamel wates pacelathon antawisipun kaneman lan kasepuhan, kathah pemanggih ingkang mboten saged dumugi awit radin-radin para nem-neman sami ajrih matur dhumateng tiyang sepuh, menawi magertosi piyambakipun mboten saged ngginaaken Krama Inggil kanthi sae.

Mekaten sekedhik atur kula babagan basa Jawi wonten ing pagesangan sadinten-dinten, cekap semanten atur kula.

Nuwun.


Sumber Berita Lampung: 
Pidato dalam kehidupan sehari-hari Naskah Pidato Bahasa jawa Krama |Terkini 

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Copyright © / Blog of Serdadu

Template by : Urang-kurai / powered by :blogger